Rabu, 21 November 2012

Pengkrumat Jiwa



20 February 2011
 
Pengkrumat Jiwa


Kaserat ing dalem sajeroning manah
Sawijine rasa ingkang bungah
Kabungahan saking sajeroning sukmo
Ingkang kabungkus kelawan tresno

Duh pengkrumat jiwa insun
Ingkang nedahi dedalan penguripan
Kados rembulan ingkang indah sinaripun
Madhangi wengi ngirangi kapetengan

Sumebare lintang ning sesawangan
Nyadarake manah agenge panjenengan
Bilih ilmu ingkang kita kanugerahan
Sumebar kados lintang-lintang cemlorot sliweran

Pitedah ingkang rupi ilmu manfaat
Kegambar pertela ning tindak lampah
Mboten salah anggene kawula taat
Lan mirsani bilih niku agenge anugerah

Rasa syukur ing telenge ati
Kedah wonten kedah kabukti
Amarga kanugerahan tansah keparingan
Nikulah panjenengan suryane jaman

Tidak ada komentar:

Posting Komentar